Pesen Kitab Suci
– Mangga diwaos:
PURWANING DUMADI 1:1 | Awal mulane Gusti Allah nyiptakake langit lan bumi |
RUM 3:23 | amarga kabeh manungsa nindakake dosa lan wis kelangan kamulyaning Gusti Allah |
YOKANAN 8:34 | Yesus ngendikan marang kabeh: “Aku ngandhani kowe kabeh, sejatine kabeh manungsa sing nindakake dosa, yaiku dadi budhake dosa. |
Gusti Allah nyiptakake manungsa nanging kita ora kenal sapa sejatine Gusti Allah amarga manungsa iku kebak dosa. Urip iki tanpa Gusti Allah sejatine ora ana gunane lan ora ana mupangate. Mula akhire dosa mau kudu dibayar kanthi pati, mati jiwa lan ragane. Mati jiwa ateges adoh saking Gusti Allah. Mati raga ateges rusak ragane. Yen manungsa mati kanthi nanggung dosa, mula bakal salawase adoh saking Gusti lan dijegurake ing nraka. Kepiye carane kita bisa slamet saka kabeh dosa mau lan bali marang Gusti? Kita ora bisa slamet amarga ora mungkin manungsa sing kebak dosa bisa nulungi awake dhewe (kayata contone wong nglangi sing meh kelep ora bakal bisa nulungi awake dhewe). Lan uga wong liya ora bisa nulungi kita amarga kita kabeh nanggung kebak dosa (wong sing arep kelep ora bisa nulungi wong liya sing uga meh kelep, mula kabeh butuh pitulungan). Kita butuh wong sing babar pisan tanpa dosa (suci) kanggo nulungi supaya mbebasake saka kabeh dosa mau. Mung wong suci sing bisa paring pitulung. Kepiye carane bisa nemokake wong suci kasebut ing donya sing kebak dosa iki?
RUM 6:23 | Amarga dosa kudu dibayar kanthi pati; nanging anugrahe Gusti Allah yaiku urip salawase ing Yesus Kristus, Tuhan kita. |
YOKANAN 3:16 | Amarga saking gedhene kasih Allah marang donya iki, mula Gusti ngirim Putrane, supaya saben manungsa sing percaya marang Gusti ora mati, nanging bisa urip salawase. |
MATEUS 1:23 | “Mengko, prawan Maria bakal ngandhut lan nglairake putra, kang bakal diparingi asma Imanuel” – sing artine: Gusti tansah ngiringi kita. |
YOKANAN 8:23 | Banjur Gusti ngendikan: “Kowe kabeh asale saka ngisor, Aku saka ndhuwur; kowe saka donya, nanging Aku ora saka donya. |
MARKUS 1:11 | Banjur krungu swara saka swarga: “PutraKu sing Daktresnani, marang PutraKu Aku welas.” |
YOKANAN 8:36 | Mula yen Putra kasebut mbebasake kowe, mula kowe bakal mardika.” |
YOKANAN 3:3 | Yesus mangsuli, ngendikan: “Aku ngandhani kowe, sejatine yen manungsa ora dilairake maneh, mula ora bakal bisa ndeleng Kerajaane Gusti Allah.” |
YOKANAN 1:12 | Nanging kabeh manungsa sing bisa nampa Gusti bakal diwenehi kuwasa marang Gusti supaya bisa dadi anak-anak Allah, yaiku kabeh sing percaya marang Gusti; |
Gusti Allah sing nyiptakake kita lan tresna marang kita, menehi solusi. Kajaba kasih sing agung marang kita, Gusti ngirim Putra sing paling ditresnani, Yesus sing kersa berkorban nanggung dosa-dosa kita. Yesus iku suci tanpa dosa amarga asale ora saka donya, lan nalika gesang ing donya mungkasi godhaan para setan kanggo nindakake dosa. Gesange Yesus tansah diwelasi Gusti ing swarga. Yesus ngresiki dosa-dosa kita lan seda ing kayu salib. Yesus minangka juru slamet kita kabeh (Yesus bisa nulung amarga ora kalebu wong sing kelep). Sedane Yesus ing kayu salib kanggo nebus dosa lan ngresiki dosa kita kabeh, uga ngraketake hubungan kita marang Gusti Allah. Kita bisa bangkit saka matine jiwa (adoh saking Gusti) kanthi kuwasane Gusti Allah. Mula bisa uga disebut kita lair maneh kang mulihake awal mulane tujuan panyiptaan lan kahanan kita, lan menehi mupangat uga tujuan urip sing sejatine.
YOKANAN 11:25 | Yesus mangsuli: “Aku minangka kebangkitan lan urip; sapa wonge sing percaya marang Aku, mula bakal tansah urip sanajan wis mati, |
RUM 6:9 | amarga kita ngerti manawa Kristus, sawise bangkit ing antarane wong mati, ora bisa seda maneh: maut ora bisa nguwasani Yesus. |
Lelakoné Para Rasul 2:24 | Nanging Gusti Allah mbangkitake Yesus kanthi mbebasake saka sengsarane maut, amarga Yesus ora bakal terus dikuwasani maut. |
RUM 14:9 | Amarga iku Kristus seda lan gesang maneh, supaya bisa dadi Tuhan, kanggo wong sing wis mati utawa uga kanggo wong sing isih urip. |
Lelakoné Para Rasul 1:11 | lan ngandhani marang kabeh: “Hei wong-wong Galilea, kenapa kowe ngadeg ndhangak ndeleng langit? Yesus iki, sing diangkat menyang swarga ninggal kowe kabeh, bakal rawuh maneh kaya nalika kowe kabeh ndeleng Yesus diangkat menyang swarga.” |
Apa buktine yen pangorbanan Yesus kanggo nebus dosa kita ditampa dening Gusti ing swarga? Buktine yaiku kebangkitan Yesus saking Gusti. Kanthi kebangkitan iki, minangka bukti manawa Yesus bisa ngalahake maut (utawa kasarane maut ora bisa nguwasani Yesus). Mula saiki, amarga Yesus tansah gesang, kita uga bisa terus urip. Gesange Yesus menehi urip kanggo kita. Kajaba iku, amarga Yesus bangkit, saiki bisa tansah gesang.
YOKANAN 5:24 | Aku ngandhani kowe: Sejatine sapa wonge sing nggugu pituduhKu lan percaya marang Gusti sing ngutus Aku, dheweke bakal bisa urip salawase lan ora katut diukum, amarga wes slamet saka maut lan banjur urip. |
YOKANAN 10:9 | Aku minangka lawang; sapa wonge sing mlebu liwat Aku, dheweke bakal slamet lan bakal mlebu uga metu lan nemokake lapangan suket. |
YOKANAN 14:6 | Yesus ngendikan marang dheweke: “Aku minangka dalan kabeneran lan urip. Ora ana sapa wonge sing nyembah Bapa, kajaba kudu nyembah Aku. |
YOKANAN 8:24 | Mula mau Aku ngandhani, yen kowe bakal mati kanthi nanggung dosa; amarga yen kowe ora percaya, manawa Aku iki Gusti, kowe bakal mati kanthi nanggung dosa.” |
Lelakoné Para Rasul 4:12 | Lan pitulungan ora bisa diwenehake dening sapa wae kajaba saking Gusti, amarga ing ngisor langit iki ora ana jeneng liya sing diwenehake marang manungsa sing bisa nulungi kita.” |
RUM 10:13 | Amarga, sapa wonge sing nyeru asmaning Gusti, bakal dislametake. |
RUM 10:11 | Amarga ing Kitab Suci: “Sapa wonge sing percaya marang Gusti, ora bakal isin.” |
RUM 2:11 | Amarga Gusti Allah ora mbedakake. |
RUM 3:22 | yaiku kabeneran Gusti Allah amarga iman marang Yesus Kristus kanggo kabeh wong sing percaya. Amarga ora dibedakake. |
RUM 10:9 | amarga yen kowe ngakoni ing lambe, manawa Yesus iku Tuhan, lan percaya ing njero ati, manawa Gusti Allah mbangkitake Yesus ing antarane wong sing wis mati, mula kowe bakal dislametake. |
Kepiye dosa kita bisa ditebus lan kita bisa entuk urip anyar? Kanthi percaya marang Yesus minangka Tuhan lan Juru Slamet. Yen kita nggelani marang dosa-dosa kita lan ngabdi marang Yesus kanggo jaluk ngapura lan menehi pitulung, Yesus bakal ngijabahi. Yesus minangka Putrane Gusti Allah sing dikirim ing donya kanggo nebus dosa kita. Sapa wonge sing donya sing percaya marang Yesus bakal dingapurani Gusti, dislametake saka dosa- dosane (lan saka nraka) lan diparingi urip anyar saking Gusti. Gusti Allah ora mbedak- mbedakake. Ora mandhang – saka negara ngendi, nganggo basa apa, sugih utawa kere, lanang utawa wadon, tuwa utama enom, lan liya-liyane. Sapa wonge sing percaya lan ngakoni Yesus bakal ditulungi. Ing ngisor iki minangka donga sing bisa diamalake kanthi dadi jemaat Yesus:
Bapa wonten swargi, matur suwun sampun ngirim Putra Panjenengan, Yesus, ingkang kersa nebus dosa kula ugi maringi gesang saking swarga. Kula ngakoni dosa ugi nyuwun pangaksami kagem sedaya dosa-dosa kula. Kula pitados dening Yesus ugi nampi Yesus minangka Gusti Juru Slamet. Mugi donga kula diijabah lan kula nyuwun pituduh mugi gesang kanthi bagya. Amin
Yen sampeyan wis maca donga kasebut, nyuwun pituduh maring Gusti greja ngendi kanggo ibadah. Nyuwun maring Gusti kanthi ndonga rutin, mula bakal diijabah. Rungokake wangsulane Gusti Allah. Sampeyan bakal dituntun. Gusti tansah welas marang kita lan bakal maringi pituduh. Percaya marang Gusti, sing ora nate nguciwani marang sapa kabeh sing percaya. Gusti Allah iku Tuhan. Sing bisa dipercaya. Sing bisa dijaluki pitulung sajroning urip. Minuwuna marang Gusti. Gusti Allah bakal ngijabahi lan menehi berkat. Firmanipun Gusti ‘Aku ora bakal ninggalake utawa nelantarke kowe’
Waca kitab suci kanthi rutin, wiwiti saka Yohanes. Kanggo sumber acuan internet liyane, klik ing kene